Bathari Ratih ing dhamparan akasa
Ngranti buta, konjuk nyuwun tandhing
Nampik dipuncidrani, bela pati
Nganthi dipamerake candra awujud sabit
Dalu sing nyenyet lan dhedhep iki
Riyuh e ron, riris e nira
Sato kewan ingkang do calathu
Wulandari kados piyas
Singeban mega cemeng kalaban
Lintang boten kersa kelip
Saestu, ngripta jireh keder Ananging, sanes tanpa angkah nyelirani
Rembulan menika ingkang badhe ngulu
Siyos gerah, sinambi ngidung
Swayam ngentosi ingkang tan mesthi
Geguritan dening Algazella Sukmasari, S.Pd.(Pengajar ing Pesantren-Sekolah Alam Planet Nufo Rembang)